Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Kelendi
kabar riko, dulur isun kabeh hang ono nong Banyuwangi utowo nong rantau?
Mugo-mugo riko kabeh oleh barokah Gusti Pangeran Hang Moho Agung.
Dulur,
wis telung taun lebih isun ono nong Malang kanggo belajar golet ilmu (tapi dudu
ngelmu). Sak suwine iku pisan isun oleh pengalaman lan oleh macem-macem werno.
Isun menyang golet ilmu metu teko Bumi Blambangan kanggo ngenalno paran hang
ono nong Banyuwangi. Isun ugo nduwe impi kadhung isun sukses, isun arep teko
maning nong Banyuwangi kanggo mbangun tanah kelahiran isun.
Dulur,
singkate tulisan hang isun gawe iki arep ngomongaken masalah boso Osing. Iku
kerono isun mari moco tulisan teko dulur isun hang nggowo gesahan podo.
Boso
Osing utowo Using iku boso hang mung ono nong Banyuwangi. Kadhung isun moco
‘silsilahe’, boso iki mlebu ono nong ragam boso Jowo lawas. Boso Osing hang wes
diakoni ambi wong akeh (paran maning wes mlebu buku-buku pengetahuan) iki
kanggo meruhi kadhung nong Banyuwangi iku ono suku khas lan asli yoiku Suku
Osing. Mulai magih cilikane buyut-buyut lan anang adon isun, boso Osing iku wes
kanggo boso saben dinane. Iku apuwo bengen kabeh wong Banyuwangi mung nganggo
boso Osing.
Dulur,
sak marine perang Puputan Bayu taun 1771-1772 hang njuwut nyawane wong Bumi
Blambangan, suku Osing hang bengen seru gedene, akeh hang ninggal. Wektu iku
Bumi Blambangan hang nduwe panggonan paling ombo sak Jowo iku keentekan wong.
Singkate, ditekokaken wong teko Jawa Tengah, Meduro, Bugis, Melayu lan suku
minoritas liyane kanggo ngisi Blambangan. Iku apuwo Banyuwangi sampek saiki
nduwe penduduk hang macem-macem. Macem-macem suku, paran maning budoyo.
Dulur,
isun prihatin ambi kabar-kabar saiki. Isun rungu lan ndeleng langsung kadhung
boso Osing arep surup. Jebeng lan thulik saiki akeh hang sing weruh nong boso
asli Banyuwangi iki. Isun ngerti ono suku Jawa kulon, Meduro, Melayu, Bugis,
Sunda lan liyan-liyane. Tapi paran salahe riko kabeh biso boso Osing? Sukur
ngerti byaen mosok sing biso? Isun seru getem-geteme kadhung ndeleng lare teko
Banyuwangi hang ono nong rantau sing ngerti paran-paran kadhung ditakoni ambi
kancane ngerti opo sing Banyuwangi lan boso Osing. Sing biso diitung maning
isun rungu jawaban “Aku wong Jowo”, “Aku nggak duduk wong Osing”, “Aku loh
pendatang”, “Aku loh tetek bengek”. Riko oleh ngaku Jowo, Meduro, lan
liyan-liyane dulur. Isun ugo ngakoni kadhung riko ono lan riko wes seduluran
kabeh nong Tanah Endah iki.
Dulur,
riko ojo mikir sulung kadhung isun iki lare hang primordial. Isun gedigi mung
pengen ngenalno budaya Banyuwangi nong wong sak dunyo. Kanggo riko kabeh hang
ngaku dudu lare Osing, isun sing paran-paran. Tapi “MINIMAL” sak nemen-nemene
iku riko kudu ngerti kelendi boso Osing, sejarahe, lebih-lebih biso nyritakaken
kabeh Banyuwangi. Paran maning isun nguwani riko “DOBEL SALUT” kadhung riko
biso nganggo boso Osing nong omongan riko.
Dulur,
isun ugo prihatin rungu kabar wes sing jejeg maning boso Osing nong pendidikan.
Isun mung ngarep-ngarep kadhung boso Osing biso diuripaken maning nong
bangku-bangku sekolahan. Isun ngipi, kapan Banyuwangi biso nganakaken arane
“HARI BERBAHASA OSING?” koyo Bandung hang dipimpin Bapak Ridwal Kamil hang
nganakaken “HARI BERBAHASA SUNDA”. Iki tugas kanggo pemerintah hang saiki ono
nong cekelane Bupati top iku, Bapak Abdullah Azwar Anas lan umume masyarakat
Banyuwangi.
Nong
Banyuwangi akeh grup teater hang apik-apik lan terkenal sampek njobo. Tapi
magih sitik dulur hang gelem nggowo cerito lokal hang bosone nganggo boso
Osing. Ojo gedigu riko, nggowo cerito Banyuwangi byaen ngenteni wayah-wayahan.
Isun seru demene ambi salah siji grup teater hang ono nong Universitas Negeri
Malang. Lare-lare teater hang asale dudu teko Banyuwangi byaen biso apik
nggowokaken ceritane asal-usul Banyuwangi. Kelendi ambi riko hang ono ring
kono? Opo mageh seru demene nggowokaken cerito gaul hang bosone “LU GUA END?”.
Dulur,
ayo podo-podo jenggirat tangi kanggo mbangun Banyuwangi. Ojo mung riko sambat
byaen nong bapak ibu pemerintahan. Ayo nguwani paran hang riko biso uwani
kanggo Banyuwangi. Banyuwangi wes gedi dulur. Saiki kelendi carane riko tetep
njogo budoyo asli paran maning boso asli Banyuwangi yoiku boso Osing. Khusus
kanggo lare-lare enom, ojo ‘mung’ mikiri demenan dulur. Nasib nuso lan bongso
ono nong riko mbesok. Mulane ayo nguwani prestasi paran byaen hang riko biso
uwani.
Dulur,
boso Osing iku sing mung kanggo wong Kemiren, Glagah, Rogojampi, Kalipuro,
Banjar, Cluring, lan Gambiran byaen. Tapi boso Osing iku WAJIB dingerteni ambi
riko kabeh hang ngaku bangga ambi Banyuwangi. Inget dulur, riko kabeh wes
nyumet geni I LOVE BWI nong dodon riko kabeh.
Myane
riko hing nyongko isun kaku, isun nguwani ungkapan Indonesia hang munine gedigi
dulur. “Anda sedang pergi ke Surabaya naik kereta api Mutiara Timur. Anda
berada di gerbong nomor 2 dari jumlah 10 gerbong yang ada. Apakah Anda akan
menyebut bahwa Anda penumpang gerbong 2? Tidakkah Anda akan tetap mengakui
bahwa Anda sedang naik kereta api Mutiara Timur? Apakah Anda tidak mengakui
bahwa gerbong yang Anda tumpangi memiliki kaitan erat dengan lokomotif, gerbong
1, gerbong 3 hingga gerbong 10? Begitu juga dengan kedudukan Anda. Jika Anda
mengaku warga Banyuwangi dan berikrar cinta Banyuwangi, seharusnya anda juga
mengakui hubungan Anda dengan segala aspek yang ada di Banyuwangi. Jika Anda
tidak mau ikut menjaga kemanan gerbong lainnya, maka Anda mungkin akan celaka
bersama mereka. Begitu juga dalam hal budaya. Anda tidak layak disebut orang
Banyuwangi jika anda tidak kenal, tidak mau mengakui, mempromosikan, apalagi
melestarikan segala hal yang berkaitan dengan Banyuwangi termasuk Bahasa Osing
Banyuwangi.”
Dulur
akeh kancan isun hang teko daerah A, tapi sun takoni paran byaen hang ono nong
daerah A, iyane sing ngerti paran-paran. Riko weruh? Isun nyebut kadhung iku
KEBACUT dulur. Isun byaen ngerti kelendi daerah A iku. Iku gunane dulur, cinta
daerah asal lan ngenal daerah liyane hang ono nong Bumi Pertiwi, myane
lare-lare hang ngomong kadhung riko primordial iku meneng sing biso paran-paran.
Dulur,
isun ngakoni kadhung boso Osing hang isun tulis magih selegence, magih sing
karu-karuan. Isun ugo belajar kerono isun wes komitmen kanggo Banyuwangi.
Dulur, ayo riko kabeh isun ajak ngelestarekaken boso Osing lan syukur-syukur
ngenalaken nong dunyo kadhung Osing pantes diakoni. Jeggirat tangi kanggo riko
kabeh lan kompak seduluran kanggo mujudaken Banyuwangi hang lebih apik.
Salam,
Laros Banyuwangi lan dulur-dulur isun kabeh teko macem-macem suku nong Bumi
Blambangan.
Wassalamu’alaikum
Wr.Wb